2 Nov 2010

BOSO GRESIK an

nie ada artikel unik yang ku baca dari web tentang kota gresik, dengan ini semoga anda lebih mengetahui tentang bahasa kota gresik. Slamat membaca dan semoga bermanfaat

BOSO GRESIKAN : Dak Paham Dak Pateken

boso-nggersikRek, eson sik kaet ngerti onok nggresik.com sing salah sijine mbukak forum cangkrukan nggawe boso gresikan. Pancen bener, kudune onok panggonan sing iso digawe nggedabrus boso gresikan. Sing nggelakno iku pemerintah durung duwe karep nggawe coro yak opo boso gresikan tetep dingerteni anak putune. Mosok pelajaran bahasa daerah isine boso jowo jawa tengahan. Eson dewe dak ngerti nek ditakoni sang anak.

Peno ngerti, nek wayahe acara Cak Yuk iku. Malah lucu-lucu. Nek diitung salahe iso sak ketapruk pas guneman boso Gresikan. Contone onok sing ngomong “arep” padahal wong Gresik nek ngomong nggawe “ape”. Onok maneh sing ngomong “ning kene” mestine lak “nok kene” opo “nang kene”. Durung nek milih malah ngomong “sing iki ae”, nek boso Gresik unine “sing iki bae”.

Pancen durung onok mufakat (asli boso gresik serapan boso arab) boso gresik sing endi sing ditetepno dadi boso daerah kene. Mergane nok kuto gresik dewe paling titik onok petang boso sing bedo-bedo.

Nomer situk, boso Gresik sing dianggep sumber asli-sli yoiku Gresik Lawas. Nek digaris klebu deso Kemuteran, Kroman, Kebungson, Pekelingan, Telogo Bendung, Bedilan, Karangpoh, Sukodono, Terate, karo Tambak Gek alias Sindujoyo. Omongane wong daerah iku yo medhok seru Gresike. Eson, keno, slepi, mbardak, endok, tepang, gitik karo sak liyane wis lumrah digunemno.

Nomer Loro, boso Giri. Boso Giri iki pancen seje ketimbang boso kuto Gresik. Jarene jaman biyen wong nggiri senengane mbangkel. Mbangkel iku nggowo dagangan mas-masan nang kuto liyo. Sak wayah-wayah kepetuk podo koncone. La supoyo omongane dak dingerteni wong liyo, wong nggiri nggawe boso dewe. Conto boso nggiri : wedlek, kindo, sidin, tono, wak mat, kiyet, ndinggle karo sak liyane.

Nomer Telu, boso Lumpur. Deso Lumpur iku koyok kerajaan nok njero kuto. Pancen onok rojoe dewe. Nek keno, klebu pemerintah pisan ape duwe karep noto Lumpur dak atek nang rojone wong Lumpur ojok pisan-pisan arep-arep gelem. Wong Lumpur iku akeh-akehe ndelek iwak nang segoro alias nelayan. Wonge seneng ibadah karo seneng dagang. Dak kurang wong Lumpur sing dadi. La ngomonge duwe cengkok dewe. Sing ndadekno seje iku cengkoke ambek ngomong kasare. Contone “muliyo he, mbok iro ndoboli”.

Nomer Papat, boso mbelandong. Iki duduk deso belandongan tapi daerah sing akeh dienggoni wong sing duduk asli Gresik. Contone Meduran, diarani iki mergo akeh wong meduroe. Utowo Gresik kidulan molai sentolang ngidul. Iku kabeh tak lebokno daerah mblandong yoiku daerah sing wong-wongane dak asli Gresik. Bosoe wong-wong iku campuran. Sing teko nganjuk yo ngomong nganjukan, sing teko kulonan ya ngomong kulonan.

Mangkane mestine kudu onok mufakat nek boso Gresik iku nggawe asli Gresik Lawas. Dadi iso dideleki  sumber-sumber asline boso Gresikan. Ojok sampek Cak ambek Yuk dadi nguyonane wong akeh.
Peno ngerti, eson dak yakin keno-keno iki paham. Wong eson dewe bengong nulise.  Mangkane keno paham dak paham eson dak pateken. Sing penting nulis, sing penting gresik.

sumber : http://www.nggersik.com/boso-gresikan-dak-paham-dak-pateken.htm

No comments:

Post a Comment